Selasa, 09 Februari 2010

teja bengkok pralambang



dudu perkarane langit tanpa lintang abyor
dudu perkarane wengi tanpa purnama
dudu perkarane wayah rina tanpa srengenge
nanging iki perkara rasa
rasa nalika sliramu adoh saka panjangka
kadya kelire kluwung wayah sore,
ora sranta kagayuh asta
pinangka pratanda kapange ati
kluwung, teja...
nalika rinasa ana tanda kang ilang,
apa iki kang aran kapang ?
apa kelir iku ngemu rasa ?
coba pirsanana,
abang, ijo, kuning, biru....
apa kuwi isining atimu ?
mung siji kang tak rasa
kapang,
kapang aku marang tejamu


gambar dening : AJP


4 komentar:

Kang Sugeng mengatakan...

woey... penjelasanne endi? ra ngerti artine aku... puft... ngeluw..

Sekar Lawu mengatakan...

@KangSugeng:
Horok, silahken berkunjung ke google translate...hihihi... ngaku arek suroboyo kok ra isa jawa...
Iki gaweku ya setengah kesurupan je Kang...wkwkwkwk

Kristanto WDS mengatakan...

hehehehe......... ngerti sich maksudnya tapi kalo suruh balas pake bahasa jawa, ngertine mumet.....

Sekar Lawu mengatakan...

@Mas Kris:
nggak usah dibales..., tapi sering saja mampir ke blog ini...
Terima kasih kunjungannya, salam kenal...