Sabtu, 06 November 2010

tresna kang prasaja



tresnamu,
tresna kang prasaja
kang ora ndulu rina
kadya lintang anerangi bantala
kadya embun kang amecah pamor
kadya srengenge kang tansah nyunari
ora duweni pangarep-arep
kajaba tresna kang bening
kadya banyu sumurup bumi
tresnamu,
tresna kang prasaja
tansah ngemu ikhlas,
tanpa nunggu piwales
amarga sliramu uwis nglenggana
yen anresnani ora kudu nyawiji


***

kanggoku, tresna kang prasaja pawujudan saka tresnamu kang sejati
aku percaya...banget percaya


gambar kaanggit dening :kangmas AJP

2 komentar:

TRIMATRA mengatakan...

aku tresno marang prasojo kesahenan,,, hehe

Sekar Lawu mengatakan...

@TriMatra:
kawula ugi tresna dumateng punapa kemawon ingkang prasaja...