Rabu, 25 Juni 2008

DongA




Duh Gusti Allah,
kersaa paring gangsar anggen kawula momong..
momong garwa lan putra,
momong tiyang sepuh kawula,
momong sedaya ingkang tresna dumateng kawula

Duh Gusti Allah,
kanthi tadah asta,
Panjenengan tuntun kawula sakulawarga
tumuju ing kulawarga ingkang sakhinah, mawahdah lan warahmah
Nyuwun kekiyatan supados anggen kawula momong garwa putra sageda tansah ikhlas
Nyuwun kekiyatan supados sedaya rubeda sageda kalis ing sambikala
Nyuwun kekiyatan anggen kula sesandhingan sageda ngantos pegating pati

Duh Gusti Allah,
kanthi tadah asta,
kawula nyuwun, Panjengenan paringi nasib ingkang sae dumateng kula sakulawarga
tansah beja dhawah kaleresan
tansah sae samubarangipun
tansah barokah ing sadayanipun

A m i n

2 komentar:

Ernut mengatakan...

Yik, ayu tenan kowe in the jilbab..
ayo Yik segera pakai..
rasakan betapa nikmatnya menutup yang diminta untuk ditutup..
kita tidak punya kendala untuk berjilbab..
bintang sinetron yang harus tampil dengan rambut terurai, kita bukan..
penari yang harus gelungan, kita bukan..
bahkan kalau ada yang nglarang berjilbab..
justru perlu di langgar...

Sekar Lawu mengatakan...

Insya allah, Nut
Sudah masuk dalam programa,
Aku lagi belajar, mulai dari menjilbabi hati dulu...kemudian kepala dan body
Doakan aku, kawan